Rabu, 03 Desember 2014

Nutup Aurot



صَلاَةُ اللَّهْ سَلاَمُ اللَّهْ عَلىَ طَهَ رَسُوْلِ اللَّهْ

صَلاَةُ اللَّهْ سَلاَمُ اللَّهْ عَلىَ يَس حَبِيْبِ اللَّهْ


Shohabat ‘Ali dawuh mengkene

Rikala sowan karo garwane

Ing kanjeng nabi gustine umat

Nuju njeng nabi nangis kang kuwat


Nuli amatur ‘Ali shohabat

Punapa Dalem kok nangis kiyat

Nuli njeng nabi dawuh mengkene

Rikala ingsun mlaku mbengine(mi’roj)


Iku ingsun weruh marang siksane

Wong wadhon iku akeh wernane

Mulane banget penangis ingsun

Sabab welasku marang wong wadhon


Ono wong wadhon iku den gantung

Klawan rambute ingkang den gelung

Sarto utegke katingalake

Podolah umeb sekabehane


Iku wong wadhon kelakuane

Naliko sanding lanang liyane

Iku rambute ora den tutup

Mulo siksane utegke umub


Mulo wong wadhon lah saikine

Podolah taubat kang saktemene

Podolah nutup ing aurate

Ben podo slamet ing akhirate


Dudu Ayune

Ya Rosulalloh salamun “alaika

Ya Rofi’asyani waddaroji

‘Atfatay ya jirotal ‘alamin

Ya uhailal judiwal karomi


* dudu ayune dudu baguse

ajining manungso mungguh pengerane

nanging atine budi pekertine

tindak tanduke ing saben dinane


* dudu bandane dudu pangkate

mungguhe pangeran iman lan takwane

derek perintahe ninggal larangane

besok amale diunduh-unduh dewe